Foto : long tinampi kayon saka ketua DPRD Tulungagung Marsono marang Ki Dhalang Flamboyant Jingga Lukmandaka tanda pagelaran kawiwitan
Bagiberita.id, Tulungagung- Nom noman Tulungagung kang gabung karo Pakumpulan Dhalang Anom Tulungagung (Pakudhatu) lan Paguyuban Sindhen Tulungagung kerja bareng Karo Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Tulungagung ngenekake pagelaran wayang kang diwenehi Aran “Pagelaran Wayang Tiga Dunia”. Apa maksude pagelaran wayang tiga dunia yaiku, ana sak pagelaran iku kagabung telong warna jenis wayang :
1. Wayang Kulit
2. Wayang Wong
3. Wayang Sandhosa
Pagelaran wayang mau kagelar kanggo mengeti “Hari Wayang Nasional” kang katitik ana tanggal 6 Nopember lan kanggo mapak pengetan dina laire kabupaten Tulungagung kang katitik yuswa 821.
Kagiatan wayang kang nampilake Ki Dhalang Flamboyant Jingga Lukmandaka kui karawuhan dening, Sekdha Tulungagung Tri Hariyadi, ketua DPRD Tulungagung Marsono, kepala Dhinas Disbudpar Tulungagung Bagus Kuncoro, ketua pelaksana hari jadi ke- 821 kabupaten Tulungagung, wakil saka Kodim 0807, wakil saka Polres Tulungagung lan undangan sanese.

Ketua panitia Adit Seta Bagaskara ing kawitan ngaturake gunge panuwun marang pemerintah kabupaten Tulungagung kang uwis menehi fasilitas marang Pakudhatu.
“Minangkani talanging basa saking Pakudhatu, kawula aturaken sugeng ambal warsa dhumateng kabupaten kang kaleres yuswa 821 ugi kawula aturaken gunge panuwun marang pemerintah kabupaten Tulungagung tumrap sedaya fasilitas ingkang sampun kaparingaken dhumateng kita nggih menika Pakudhatu,” ucape.
Ketua panitia nutukake laporane, yen kagiatan kui maeng minangka agenda taunan saka Pakudhatu
“Silaturahim.budaya punika dados agendha taunan saking Pakudhatu, nyuwun idi pangestu dhumateng para rawuh sedaya,” Adit nglajengake laporan.
Ora mung kui, Adhit uga njlentrehake perjuangane Pakudhatu wiwit kawitan nganti dipercaya marang pemerintah dhaerah lan ngarapake tumrap kagiatan Iki.
“Kula sesuleh saking Pakudhatu nyuwun dhumateng para rawuh, khususipun pemkab Tulungagung, sesepuh budaya lan kadang sutresna budaya supados tetep paring kapicadosan dhateng Pakudhatu, Mugi kanthi tema pagelaran “BERDIKARI, Apakah Aku Adalah Aku” ugi lampahan Bima Suci saget andadosna tuntunan, mboten namung damel tontonan kemawon Saha kabudayan Jawi tetep ngrembaka hanjayeng bawana. Sugeng hamirsani ,” Adhit ngarepake.
Sawetara ana kasempatan kui uga Sekdha Tri Hariadi minangkani sesuleh saka plt bupati menehi apresiasi marang para seniman mudha, khususe anggota Pakudhatu.
Miturute, wayang ora mung dadi tontonan lqn hiburan, nangin ugo bisa ngamot babagan pendidikan lan turunan.
” Wayang ora mung bisa dadi hiburan lan hiburan wae, nanging wayang maknane akeh, mulai saka tuntunan nganti filosofi Urip manungsa,” Tri Hariadi nglanjutake.
Ora mung cukup sakmono, dheweke uga ngandhakake yen Pagelaran Iki dadi salah sijine adicara ana pengetan “Hari Jadi ka – 821 kabuoaten Tulungagung” kang miturut rencana di tindake Wiwit Wulan Oktober nganti Dedekber.
“Diharapake Masyarakat bisa nyengkuyung anak sakkabehing kagiatan hari jadi kan di enekake ,” ucape Sekdha.
Luweh adoh meneh miturut Sekdha, Dheweke ngendikaake yen seni neng Tulungagung Iki akeh lan kudu terus dilestarekne.
“Rasa bungah kacipta dina Iki, katon yen seniman mudha Tulungagung gelem cancut terus ngleluri budayane, luweh-kesenian wayang kang bisa diarani indentitas budaya negeri. Seni ana tangane generasi mudha bakal bisa ngrembaka lan bisa katampilake werna-werna, thuladhane bengi Iki, wayang karepta dening seniman mudha dadi tontonan kang apik, apa meneh bisa gathukake telong jenis wayang, yaiku wayang kulit, wayang wong lan wayang sandhosa, kang nganti Dina Iki iseh sepisan ana Tulungagung, pemerintah terus ngarepake lestarine budaya nenek moyang kita,” pungkase.
Ora lali yen ana pagelaran kui, plt bupati kang repot marang kegiatane iseh kersa rawuh nenggani nganti meh paripurnane pagelaran, sinaoso rawuhe telat karena bebarengan ana kegiatan kang ora bisa katinggalake.

Ing kana Ahmad Baharudin maringake bukti legalitas Pakumpulan Dhalang Anom Tulungagung (Pakudhatu) kang uwis rampung, Iki butekake yen pemerintah kabupaten Tulungagung tansah peduli marang seniman lan seniwati ing tlatah Tulungagung luweh-luweh marang seniman mudha. (Lukman)












